Laman

Minggu, 30 November 2014

Pidato Bahasa Jawa





السلام عليكم ورحمة الله وبر كا ته


الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الانبياء والمرسلين وعلى اله واصحا به اجمعين ( اما بعد)

Katur panjenenganipun poro dewan Juri ingkang kula hormati,
Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati,
Rencang-rencang senasib aeeperjuangan ingkang kula tresnani.

Sakderengipun kulo ngaturaken pidato bahasa jawi meniko, lagangkung rumiyen sumonggo kulo lan panjenengan sami tansah ngaturaken puji lan syukur dateng ngarsanipun Gusti Alloh swt pengeran ingkang Moho Agung lan moho suci.ingkang sampun paring pinten- pinten nikamat dumateng kito sedoyo sahinggo kulo lan panjenengan sami saget nglampahi kewajiban kulo lan panjenengan sami arupi ngupados ilmu kangge sangu wonten donyo lan akhirat.
Solawat soho salam mugio kunjuk dumateng kanjeng Nabi Agung Muhammad saw, dalah poro keluargonipun, dalah poro sohabatipun lan dalah dumateng kito sedoyo selaku umatipun kanjeng Nabi….Amiin
Kepareng kula matur sak antawis, ngaturaken babakan NARKOBA, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita inkang wigatos wonten ing TV, ugi wonten ing media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, kados ngendikanipun Alloh swt  dateng Al Quran :
y7tRqè=t«ó¡o ÇÆtã ̍ôJyø9$# ÎŽÅ£÷yJø9$#ur ( ö@è% !$yJÎgŠÏù ÖNøOÎ) ׎Î7Ÿ2 ßìÏÿ»oYtBur Ĩ$¨Z=Ï9 !$yJßgßJøOÎ)ur çŽt9ò2r& `ÏB $yJÎgÏèøÿ¯R 3 štRqè=t«ó¡our #sŒ$tB tbqà)ÏÿZムÈ@è% uqøÿyèø9$# 3 šÏ9ºxx. ßûÎiüt7ムª!$# ãNä3s9 ÏM»tƒFy$# öNà6¯=yès9 t©3xÿtFs?
219. Mwnawi piyambaikpunn sami tangled babakan Khomer (Narkoba) (136) lan Judi, pramilo dawuhen (Hai Muhammad)  bilih kekalihipun meniko Doso ingkang ageng lan wonten manfaat kangge manungso ananging dosanipun langkung ageng katimbang manfaatipun lan menawi piyambakipun sami tangled dateng menopo ingkang dipun nafaqohaken  jawab kemawon “ingkang langkung saking keperluan” Mekatenlah Alloh meringi penjelasan ayat- ayatipun dateng panjenengan sami supados panjenengan  sami kerso mikir.

Pramilo sinten kemawon ingkang ngonsumsi narkoba, tumindak ipun badhe cidro saking kabecikan lan tumindak ingkang ngrugeaken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados; mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinten kemawon tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang kesengsaran, langkung-langkung dumateng generasi muda, Dawuhipun Alloh swt wonten ing kitab suci Al Qur’an wonten ing surat AlMa’ida ayat 90 inggih meniko:
$pkšr'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#þqãYtB#uä $yJ¯RÎ) ãôJsƒø:$# çŽÅ£øŠyJø9$#ur Ü>$|ÁRF{$#ur ãN»s9øF{$#ur Ó§ô_Í ô`ÏiB È@yJtã Ç`»sÜø¤±9$# çnqç7Ï^tGô_$$sù öNä3ª=yès9 tbqßsÎ=øÿè?
90. Wahai tiyang – tiyang ingkang Iaman, Sakjatosipun (minuman) Khomer, Berjudi, (berkorban kangge) berhala, Mengundi Nasib ngangge panah, meniko sami kaliyan prilaku syetan. Pramilo tebihi ke mawon lelaku- lelaku meniko supados panjenengan beruntung.
Minangka kusumaning bongso monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepincut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dateng tumindak ingkang nyimpang, saking kautamen, soho kasusilan, ingkan akhiripun kito dawah dumateng jurang kesengsaran.
Kula kinten cekap semanten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo menawi agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, terutami atur kulo ingkang mboten mranani ing panggalih pabnjenengan sami.
Ing wusono kulo akhiri Wabillahi taufik wal hidaya.

والسلام عليكم ورحمة الله وبر كا ته